Teges Filosofis Cariyos Arjuna Wiwaha

Gambar Produk Gambar Produk 2
Judul Buku : Teges Filosofis Cariyos Arjuna Wiwaha (Preorder)
Publisher : UNS Press
Harga :
ISBN : 978-602-397-727-7
Bulan / Tahun Terbit : Oktober / 2022
Jumlah Halaman : 54 halaman
Panjang x Lebar Buku : 16 x 25 cm
Kertas : Digital (PDF)

Sinopsis :
Cariyos ringgit purwa lampahan Arjuna Wiwaha utawi Begawan Ciptaning nyariyosaken Raden Arjuna nalika kasuwun nenepi wonten ing guwa Mintaraga ing ereng redi Indrakila. Wondene ancas saking nenepi menika supados angsal dedamel ingkang badhe dipunginakaken nalika perang Bratayuda Jaya Binangun. Nalika nenepi, kathah panggodha ingkang dipuntujokaken dhumateng Begawan Ciptaning, upami dipungodha dening widodari ingkang memba warna dados para garwa, panggodha saking resi Upadya, lan Kerata Wana. Saking panggodha-panggodha kasebat, Begawan Ciptaning panggah boten saged keguh wusana saged angsal dedamel wujud jemparing aran kyai Pasopati. Saksampunipun nampi kyai Pasopati, raden Arjuna kasuwun nyirnakaken prabu Niwata Kawaca saking Ima-Imantaka ingkang gadhah sedya badhe nggarwa Dewi Supraba. Prabu Niwata Kawaca sawijining nalendra ing sekti, boten tedhas tapa paluning pandhe kajawi ing perangan cethakipun. Mangertos bab kasebat, Arjuna nalika perang ethok-ethok kawon, satemah Niwata Kawaca nggujeng lan ketingal cethakipun lan salajengipun Arjuna nglepasaken jemparing, titis ngengingi cethakipun Niwata Kawaca satemah menggihi pralaya. Menawi dipunjingglengi, cariyos Arjuna Wiwaha ngemot maneka teges filosofis ingkang saged kapanggih menawi dipunpenggalih kanthi saestu.