Pasugatan Ringgit Kulit Purwa Lampahan Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu

Gambar Produk Gambar Produk
Judul Buku : Pasugatan Ringgit Kulit Purwa Lampahan Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu(Preorder)
Author : Djoko Sulaksono .. (et al)
Publisher : UNS Press
Harga :
ISBN : 978-602-397-725-3
Bulan / Tahun Terbit : Oktober / 2022
Jumlah Halaman : 139 halaman
Panjang x Lebar Buku : 16 x 25 cm
Kertas : HVS 70 gsm

Sinopsis :
Lampahan Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu nyariyosaken lelampahipun Dewi Sukesi lan Begawan Wisrawa. Dewi Sukesi kersa krama menawi bakal garwanipun saged mejang wirid ingkang lungit lan siningit ingkang aran Sastra Jendra Hayuningrta Pangruwating Diyu. Saking para bakal ingkang badhe nggarwa Dewi Sukesi namung satunggal ingkang saged mejang Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu, inggih menika Resi Wisrawa. Sinaosa mekaten, sejatosipun menika awit nuhoni kersa kang putra asma prabu Danaraja. Ananging amargi wonten tumindakipun para dewa, Dewi Sukesi malah kagarwa piyambak dening Resi Wisrawa. Asil saking palakrama menika, Dewi Sukesi Lan Resi Wisrawa kagungan putra cacah sekawan, inggih menika Rahwana, Kumbokarno, Dewi Sarpakenaka, lan Gunawan Wibisana. Putra-putra kasebat (Rahwana, Kumbokarno, lan Dewi Sarpakenaka) wujudipun diyu, wondene Gunawan Wibisana wujudipun manungsa. Sekawan putra Dewi Sukesi lan Resi Wisrawa menika nggambaraken utawi nglambangaken napsu ingkang wonten angganipun manungsa. Rahwana nglambangaken napsu amarah, werninipun abrit. Kumbokarno nglambangaken napsu aluammah utawi luammah werninipun cemeng. Dewi Sarpakenaka nglambangaken napsu supiyah werninipun kuning, lan Gunawan Wibisana nglambangaken napsu mutmainah, werninipun pethak.